Assalamu'alaikum Wr. Wb. Nuwun kula nuwun
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Ibu Ika Wahyuni
minangka Guru Basa Jawa SMP N 1 Tayu lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanthi sehat wal afiat.
Kepareng kula matur sak
untawis, ngaturaken babakan narkoba. Kita mangertosi wekdal menika narkoba
saben dinten dados berita tumanter wonten TV, napa dene media massa utawi
koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negeri
langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngonsumsi narkoba. Tumindak iku
badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawon tumindak ingkang ngrungukaken
tiang sanes lan ugi kathah ingkang melebet kurungan gara-gara narkoba. Awit
tiyang ingkang ngonsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindak
anarkis, kadosipun mejahi tiyang, jambret lan sanes-sanesipun.
Narkoba ngrusak jasmani saha
rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngonsumsi, mboten pejabat, mboten artis,
mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila
kanthi mekaten. Mangga sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba,
supados kita mboten kecemplung jurang kesengsaraan, langkung-langkung dumateng
generasi muda minangka kusumaning, mangga kita berjuang kanthi sekuat tenaga
nebihi saha merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepincut barang ingkang
haram menika, ingkang badhe mbeto kita dating tumindak ingkang nalisir,
salang kautamen saha kasusilan ingkang tundhopipun dawah dumateng jurang
kesengsaraan.
Kula kinteng naming mekaten
ingkang saget kula aturaken, mugi-mugi saget dadosaken pepenget tumrap kita
sedaya lan ambok bilih anggen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun
agenging pangapunten ingkang mboten mranani ing panggilih.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar